KHUTBAH I
السلام عليكم ورحمة الله و بركاته
إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اُوْصِيْنِيْ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
قال الله تعالى : يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُواْ رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُم مِّن نَّفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاء وَاتَّقُواْ اللّهَ الَّذِي تَسَاءلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً
أَمَّا بَعْدُ، فَإِنَّ خَيْرَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللَّهِ، وَخَيْرُ الْهُدَى هُدَى مُحَمَّدٍ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، وَشَرُّ الْأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلَالَةٌ
Jama’ah shalat Jumat ingkang kula hormati
Pertama ugi utama mangga kita tansah syukur dumateng Gusti Allah Dzat ingkang tansah paring nikmat den tanpa wonten kendhat–kedhatipun. Sholawat ugi salam mugi tansah kalimpah dumateng Kanjeng Nabi Muhammad shalallahu ‘alaihi wasalam, ugi para keluarganipun, para shahabat ugi sinten kemawon ingkang dados pendherekipun hengga dinten kiamat benjang.
Jama’ah shalat Jumat ingkang kula hormati
Wulan Rabiul Awwal punika wulan ingkang mulya, wulan wiosanipun kawulo pilihan inggih punika kanjeng Nabi Muhammad shalallahu ‘alaihi wasalam tepatipun ing 12 Rabiul Awwal, ing wulan punika kaum muslimin kathah ingkang sami mengeti (Maulid Nabi) kanthi maneka werni kegiatan. Sedanten kala wau kamaksudaken kagem ngatonaken ugi mbuktekaken katresnanipun dumateng panjenenganipun kanjeng Nabi Muhammad shalallahu ‘alaihi wasalam.
Kaitanipun kalih punika, ing khutbah punika kula aturaken pembahasan “kados pundi mbuktekaken katresnan dumateng kanjeng Nabi ingkang jumbuh kalih dawuhipun Gusti Allah Ta’ala ugi Kanjeng Nabi shalallahu ‘alaihi wasalam”. Sahengga saged damel ngukur sepinten katresnan kita dumateng kanjeng Nabi, ugi kagem mbuktekaken bener napa lamis pengakenan kula jenengan sami.
Jama’ah shalat Jumat ingkang kula hormati
Enten kathah cara ingkang dipun tedahaken Gusti Allah ugi kanjeng Nabi piyambak kagem mbuktekaken katresnan kita dumateng kanjeng Nabi, antawisipun:
Sepindah, Iman ugi mbeneraken sedanten ingkang dipun beta kanjeng nabi.
Inggih punika percados (iman) dumateng kanjeng Nabi saha mbeneraken sekabehanipun syariat ingkang dipun beta tanpa rasa mamang. Sebab mboten winastanan tresna kanjeng Nabi sinten kemawon ingkang nggorohaken kanjeng Nabi soho syariatipun.
Gusti Allah Ta’ala ngendika:
يَٰأَيُّهَا ٱلنَّاسُ قَدْ جَاءَكُمُ ٱلرَّسُولُ بِٱلْحَقِّ مِن رَّبِّكُمْ فَـَامِنُوا خَيْرًا لَّكُمْ
“Hei eling-eling para manungsa, temen – temen wes teka ing sira kabeh Rasul (Muhammad) kanthi nggawa perkara kang haq saking pangeran sira (Gusti Allah), mangka padha imano sira kabeh (sebab iku iman) becik kanggo sira kabeh.” (QS. An_Nisaa: 170)
Kaping kalih, ngathah-ngathahaken shalawat dumateng kanjeng nabi.
Cara sanes mbuktekaken tresna dumateng kanjeng Nabi inggih punika ngathah- ngathahaken maos shalawat. Gusti Allah Ta’ala paring ngendika:
إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
“Saktuhune Gusti Allah saha para Malaikate iku padha macak-ake shalawat ing atase Nabi. Hei wong kang padha iman padha shalawato sira kabeh ing atase Nabi lan ucapno salam pangurmatan kelawan Nabi.” (QS. Al Ahzab: 56)
Imam Bukhari rahimahullah ngriwayataken bilih Abu ‘Aliyah rahimahullah, ngendika babagan ayat ing ngajeng:
صَلاَةُ اللهِ ثَنَاؤُهُ عَلَيْهِ عِنْدَ الْمَلاَئِكَةِ, وَ صَلاَةُ الْمَلاَئِكَةِ الدُّعَاءُ
“Meksud shalawate Gusti Allah marang kanjeng Nabi yaiku muja-muji kanjeng Nabi ing ngarepe para Malaikat. Ondene meksud shalawate para malaikat marang kanjeng Nabi yaiku ndongakake.” (Kitab. Firqotun Naajiyah, Muhammad Jamil Az Zainu hal.178)
Pramila mangga kita ngathah-ngathahaken shalawat dumatheng kanjeng Nabi, langkung-langkung ing dinten Jumat,
إنَّ مِنْ أفْضَلِ أَيَّامِكُمْ يَوْمَ الْجُمعَةِ فَأَكْثِرُوا عَلَيَّ مِنَ الصَّلاَةِ فِيْهِ
“Saktuhune dina sing paling utama iku dina Jumat, mangka padha akeh-akehno sira marang ingsun maca shalawat.” (HR. Abu Dawud 1047, Ibnu Majah 1085, Ahmad IV / 8, dishahihake Imam An Nawawy ing Al Adzkar 21)
Kaping tiga, mbangun miturut ing kanjeng nabi
Punika mujudaken bukti tresna kanjeng Nabi ingkang paling ageng, ugi bukti tresna ingkang paling baken.
Ananging sayang sanget, kathah sanget tiyang ingkang sami ngaken tresna kanjeng Nabi, kepara nganggep piyambake kemawon golongan ingkang estu tresa kanjeng Nabi, tapi naming kandeg ing pengakenan ugi nyanyi- nyanyi kewala tanpa dipun kanteni mbangun miturut ing kanjeng Nabi saha syari’atipun. Syariat ingkang rupi dawuh ingkang kedah dipun tindhakki saha pacuh (larangan) ingkang kedah dipun tebihi.
Jama’ah shalat Jumat ingkang kula hormati
Gusti Allah Ta’ala paring dawuh babagan kewajiban mbangun miturut (taat) dumateng kanjeng Nabi shalallahu ‘alaihi wasalam:
يآيهاالذينَ ءَامَنُوا أَطِيْعُوا اللهَ و أَطِيْعُوا الرَّسُولَ
“Hei wong-wong kang podho iman, ta’ato sira kabeh ing Gusti Allah uga ta’ato sira kabeh ing Rasul (Kanjeng Nabi)” (QS. An Nisaa: 59)
ومآءَاتَكُمُ الرَّسُولُ فَخُذُوهُ وَ مَا نَهَاكُمْ عَنْهُ فَانْتَهُوا
“Lan apa-apa kang paring ing sira Rasul mangka padha ngalapo (ambillah), lan apa – apa kang nyegah (nglarang) Rasul ing sira mangka dohono (tinggalno).” (QS. Al_Hasyr : 7)
Mbangun miturut dumateng kanjeng Nabi iku sebab keslametan uga kabagyan, kosok wangsulipun mbalela ing kanjeng Nabi iku sebab kasengsaran ugi kacilakan.
Kanjeng Nabi shalallahu ‘alaihi wasalam paring dawuh:
كُلُّ أُمَّتِي يَدْخُلُونَ الْجَنَّةَ إلاَّ مَنْ أَبَى. قالوا : يَا رَسُولَ اللهِ, وَ مَنْ يَأبَى.؟ قال : مَنْ أَطَاعَنِي دَخَلَ الْجَنَّةَ وَ مَنْ عَصَانِي فَقَدْ أَبَى
“Sekabehane umatku bakal mlebu suarga, kacoba wong-wong kang emoh (sungkan).” para shahabat sami tanglet: “Ya Rasulullah, sinten tiyang ingkang mboten purun dipun lebetaken ing suarga punika?” Kanjeng Nabi ngendiko: “Sapa kang mbangun miturut marang ingsun bakal mlebu suarga, ondene sapa kag mbalela ing ingsun yaiku wong kang emoh dilebokaken ig suarga.” (HR. Bukhari 7280, saking shahabat Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu)
Jama’ah shalat Jumat ingkang kula hormati
Mekaten menggah bukti-bukti tresna dumatheng kanjeng Nabi shalallahu ‘alaihi wsalam, ingkang badhe pikanthuk bejo ugi kabejan ing ngalam ndunya ugi ig akherat benjang.
Mugi- mugi kulo jenengan sami kalebet ewanipun kawula ingkang tresna dumateng kanjeng Nabi saestu-estunipun katresnan, mboten naming kandeg ing lathi ugi pengakenan.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH II
إِنَّ الْحَمْدَ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ فَاتَّقُوْهُ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلٰى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ
اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللَّهِ…. إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ