KHUTBAH PERTAMA
السلام عليكم ورحمة الله و بركاته
إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اُوْصِيْنِيْ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
قال الله تعالى : يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُواْ رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُم مِّن نَّفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاء وَاتَّقُواْ اللّهَ الَّذِي تَسَاءلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً
أَمَّا بَعْدُ، فَإِنَّ خَيْرَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللَّهِ، وَخَيْرُ الْهُدَى هُدَى مُحَمَّدٍ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، وَشَرُّ الْأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلَالَةٌ
Jama’ah shalat Jumat ingkang kula hormati
Pertama ugi utama mangga kita tansah syukur dumateng Gusti Allah Dzat ingkang tansah paring nikmat den tanpa wonten kendhat–kedhatipun. Sholawat ugi salam mugi tansah kalimpah dumateng Kanjeng Nabi Muhammad shalallahu ‘alaihi wasalam, ugi para keluarganipun, para shahabat ugi sinten kemawon ingkang dados pendherekipun hengga dinten kiamat benjang.
Jama’ah shalat Jumat ingkang kula hormati
Saben-saben wanci, utaminipun dinten Jumat kitha dipun engetaken babagan takwa dumateng Gusti Allah.
Napa ta sebabipun?
Karana takwa ugi tiyang takwa punika ndarbeni kautaman ingkang ageng sanget, sae ing dalem gesang alam ndunya ugi ing akhirat mbenjang.
Ing alam ndunya Gusti Allah Azza wa Jalla paring kautaman, antawisipun: Tiyang takwa badhe pinaringan luar saking sekabehane masalah, pikantuk gesang ingkang barokah, pikanthuk pitedah (furqon), dilebur dosa-dosane lan sanes-sanesipun.
Allah Ta’ala paring dawuh:
وَ مَن يَّتَّقِ اللهَ يَجْعَلْ لَّهُ مَخْرَجًا. وَ يَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لاَ يَحْتَسِبُ
“Lan sapa wonge kang takwa marang Gusti Allah, yekti Gusti Allah menehi wong iku luar (solusi) (saka sekabehane masalah), ugo pinaringan rezeki saka arah kang ora kasangka duga.” (QS. Ath Thalaq: 2-3)
وَلَوْ أنَّ أَهْلَ الْقُرَى ءَامَنُوا وَ التَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَآءِ وَ الأَرْض
“Lan sak kirane penduduk desa (negeri) pada iman uga takwa kabeh, temen Ingsun (Allah) bukakake marang wong-wong kuwi barokah saka langit uga bumi.” (QS. Al A’raaf: 96)
يَأَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا إنْ تَتَّقُوا اللهَ يَجْعَلْ لَّكُمْ فُرْقُانًا وَ يُكَفٍّرَ عَنْكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَ يَغْفِرْ لَكُمْ
“Hei wong kang pada iman, lamun sira kabeh takwa marang Gusti Allah mangka Gusti Allah bakal menehi kanggo sira kabeh furqon (pituduh kanggo mbedakke kang bener lan salah), lan ngedohke sira saka kabeh kaluputan-kaluputan, saha nglebur dosa-dosa sira kabeh.” (QS. Al-Anfal : 29)
Jama’ah shalat Jumat ingkang kula hormati
Ondening ing dalem akhirat, tiang takwa cinawisan suarga sarta kenikmatan ing lebetipun suarga kang tanpa wates.
Gusti Allah Ta’ala ngendika:
لِلَّذِيْنَ اتَّقَوْا عِنْدَ رَبِّهِمْ جَنَّاتٌ تَجْرِ مِنْ تَحْتِهَا الأَنْهَارُ خَالِدِيْنَ فِيْهَا وَ أَزْوَاجٌ مُطَهَّرَةٌ وَ رِضْوَانٌ مِنَ اللهِ, وَ اللهُ بَصِيْرٌ بِا الْعِبَادِ
“Kaduwe (kanggo) wong kang takwa (marang gusti Allah) saka Pangerane cinawisan suarga kang mili ing sangisore bengawan-bengawan (kali), uga langgeng ing dalem suarga, uga cinawisan bidadari-bidadari kang suci lan uga bakal antuk ridhane saka Gusti Allah.” (QS. Ali Imran: 15)
Saking shahabat Abu Umamah Al Bahily radhiyallahu ‘anhu, Rasulullah shalallahu ‘alaihi ngedika ing wekdal khutbah Haji wada’:
إتَّقُوا اللهَ, وَ صَلُّوا خَمْسَكُمْ, وَ صُومُوا شَهْرَكُمْ, وَ أَدُّوا زَكَاةَ أمْوَالِكُمْ, وَ أَطِيعُوا أُمَرَاءَكُمْ, تَدْخُلُوا الْجَنَّةَ رَبِّكُمْ
“Pada takwa-o sira kabeh marang Gusti Allah, tindakna shalat kang lima wektu, lakonono poso ing wulan Romadhonn, bayaren zakat bandha-bandha ira, saha mbangun mituruta ing pemimpin-pemimpin ira, mangka bakal den lebokake sira ing suargane Pangeran sira (Allah).” (HR. At Tirmidzi 616 ing shahihe, Ahmad V / 251, Hakim I / 9, 389, Shahih miturut Muslim, dishahihkan ugo Adz Dzahabi)
Jama’ah shalat Jumat ingkang kula hormati
Lajeng sinten tiyang takwa punika? lan kados pundi sifati-sifatipun?
Sifatipun tiyang takwa punika kathah sanget, salah setunggilipun bilih tiyang takwa punika tiyang ingkang darbei sifat gedhe pangati-atinipun ing dalem ngendika, srawung, makaryo, ing dalem mamprih bandhane liyan saha sanes-sanesipun.
Setunggilipun wekdal sayyidina Umar bin Khathab radhiyallahu ‘anhu tanglet ing shahabat Ubay bin Ka’ab radhiyallahu ‘anhu, ingkang suraosipun: “kepiye mungguh sifate wong takwa iku..?” shahabat Ubay bin Ka’ab radhiyallahu ‘anhu justru balik tanglet: “Kados pundi miturut pemanggeh panjenengan umpami njenengan mlampah ing sawijine mergi (dalan) kang jenengan pirsa mergi niku kebak eri ugi beling..?” Shahabat Umar njawab: “Mesti wae aku bakal mlaku kanthi ngati-ati.” Ubay ngendika: “Inggih mekaten menggah sifatipun tiyang takwa ing dalem gesangipun.”
Jama’ah shalat Jumat ingkang kula hormati
Mekaten menggah persifatanipun tiyang takwa, mugi-mugi kula panjenengan sami kalebetaken ewanipun tiyang-tiyang ingkang takwa, inggih tiyang ingkang gedhe pangati-atinipun.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH II
إِنَّ الْحَمْدَ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ فَاتَّقُوْهُ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلٰى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ
اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللَّهِ…. إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ