KHUTBAH I
الْحَمْدُ لِلَّهِ، نَحْمَدُهُ عَلَى تَوْفِيقِهِ وَهِدَايَتِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ، لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِينُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه. أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَـيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القيامة.
أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ: وَالَّذِينَ يُؤْذُونَ الْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ بِغَيْرِ مَا اكْتَسَبُوا فَقَدِ احْتَمَلُوا بُهْتَانًا وَإِثْمًا مُبِينًا، أَمَّا بَعْدُ
Para sederek Muslimin rahimakumullah
Sakyektosipun nikmat peparingipun Gusti Allah Ta’ala ingkang wajib kita syukuri punika estu-estu kathah sanget, jumlah ipun mboten saged kacacah, wilanganipun mboten saged kaetang.
Gusti Allah Ta’ala paring dawuh:
وَ إِنْ تَعُدُّوا نِعْمَةَ اللهِ لاَ تُحْصُوهَا
“Lan lamun pada ngitung-itung sira kabeh ing kebagusane (nikmate) Gusti Allah, mangka ora bakal bisa ngitung sapa sira kabeh.” (QS. Ibrahim: 34)
Syaikh Abu Bakar Jabir rahimahullah, ngendika ing dalem kitab tafsiripun:
أَخْبَرَ اللهُ تَعَالَى انَّهُ لاَ يُمْكِنُ لِلْإِنْسَانِ أَنْ يَعِدَ نِعَمَ اللهِ عَلَيْهِ وَ لاَ أَنْ يَحْصِيَهَا عَدًّا بِحَالٍ مِنَ الأَحْوَالِ
“Paring kabar Gusti Allah Ta’ala (ing dalem ayat punika) saktuhune ora mungkin tumrape manungsa yen ta ngitung kebagusane Gusti Allah, kanthi cara kepiye bae (anggone arep ngitung).” (Kitab. Aisarut Tafaasiir Likalaamil ‘Aliyyil Kabiir Juz. III / 44-45, Maktabah Al ‘Uluum Wa Al Hikam)
Para sederek Muslimin rahimakumullah
Salah setunggilipun nikmat saking sekabehane nikmat ingkang wajib kita syukuri inggih punika nikmat kamardikan (kemerdekaan), ingkang Gusti Allah Ta’ala paringaken dumateng kita lumantaran anggenipun perang sabil ugi perjuanganipun para pahlawan ingkang kaperang saking: Para Ulama’, Santri, kaum muslimin ugi rakyat Indonesia secara umum wekdal siyin.
Para sederek Muslimin rahimakumullah
Lajeng kados pundi anggen kita syukur awit nikmat kamardikan punika? Jamaah, enten kathah cara nyukuri dumateng nikmat kamardikan punika, antawisipun:
Sepindah: Ngathah-ngathahaken muja-muji sarto ngegung-gungaken Gusti Allah Ta’ala ingkang sampun paring kanugrahan kamardikan kanthi sekabehanipun rupa kalimat pujian.
Awit menika hakekat syukur miturut sebagian ulama’ salaf.
الشُّكْرُ : الثَّنَاءُ عَلَى الْمُحْسِنِ بِمَا أَوْلاَكَهُ مِنَ الْمَعْرُوفِ
“Syukur iku pujian marang dzat kang paring kebagusan (nikmat) saking sekabehane rupa kebagusan.” (Kitab. Ash Shahhah fil Lughah Imam Al Jauhari)
Kaloro: Ngathah-ngathahaken emut ugi syukur dumateng para pahlawan ugi para leluhur awit pengorbananipun dados lantaran Gusti Allah paring kamardikan, saha ndongakaken ugi nyuwunaken ing Gusti Allah ngapunten saha rahmat para pahlawan (ingkang muslim) ingkang sampun berjuang kanthi rupa bandha, tenaga ugi nyawa.
Kanjeng Rasulullah shalallahu ‘alaihi wasalam, paring ngendika:
مَنْ صَنَعَ إِلَيْكُمْ مَعْرُوفًا فَكَافِئُوهُ، فَإِنْ لَمْ تَجِدُوا مَا تُكَافِئُونَهُ فَادْعُوا لَهُ
“Sapa wonge kang gawe becik ing awak sira kabeh mangka balesen, lamun ora bisa mbales mangka dongakno wong iku.” (HR. Abu Daud no. 1672, dishahihkan Al Albani dalam Shahih Abu Dawud)
Katelu: Ngisi kamardikan kanthi kegiatan-kegiatan ingkang manfaat ugi saged nyaketake umat ing Gusti Allah Ta’ala, sarto mboten ngisi kamardikan kanthi kegiatan-kegiatan ingkang saged ngrisak umat ugi saged ngedohaken umat saking Gusti Allah Ta’ala, luwih-luwih kegiatan ingkang saged nuwuhaken bendhunipun Gusti Allah Ta’ala.
Para winasis njlentrehaken babakan hakekat syukur:
إسْتَعْمَالُ النِّعْمَةِ فِي الطَّاعَةِ وَ أَنْ لاَ يَسْتَعْمِلَهَا فِيْمَا يَكْرَهُ
“(Hakekat nikmat) manfaatake nikmat peparinge Gusti Allah kanggo taat, sarto ora nggunakake nikmat mau kanggo bab-bab kang nunwuhake bendhune Gusti Allah Ta’ala.” (Tahdzib Madarijus Salikin II / 611)
Poro sederek Muslimin rahimakumullah
Monggo kita mangayubagya HUT kamardikan bangsa kita Indonesia kanthi bagus ugi tindaak kebagusan, ingkang manfaat ugi manfaati negari ugi masyarakat bangsa Indonesia. Ampun ngantos seja (tujuan) becik kita kagem syukur berubah dados kehancuran ugi kasengsaran tumrap bangsa ugi rakyat.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH II
إِنَّ الْحَمْدَ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ فَاتَّقُوْهُ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلٰى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ
اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللَّهِ…. إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ