KHUTBAH KA-1

اَلْحَمْدُ للّٰه الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَـقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلاَّ اللّٰه وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللّٰه ، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين

أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ: وَالَّذِينَ يُؤْذُونَ الْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ بِغَيْرِ مَا اكْتَسَبُوا فَقَدِ احْتَمَلُوا بُهْتَانًا وَإِثْمًا مُبِينًا، 

Jama’ah ingkang kula hormati,

Ingkang sepindah, puja puji syukur katur dumateng Gusti Allah, Dzat ingkang wajib sinembah, ugi Dzat ingkang tansah ngudani kita njenengan sami nikmat, utaminipun nikmat iman ugi kesarasan.

Sholawat sarto salam mugi tansah katetepaken dumateng Kajeng Nabi Muhammad ﷺ, ugi sinten kemawon ingkang nderek ugi dados penderekipun dumugi dinten kiyamat mbenjang.

Mboten kesupen, monggo kita sami netepi lan ningkataken takwa dumateng Gusti Allah Ta’ala, kanthi tansah nindakaken sedaya dawuhipun saha nebihi sedaya awisanipun ing panggenan pundi kemawon. Salah setunggalipun tindak lampah ingkang nuduhaken raos takwa kita dhumateng Gusti Allah inggih punika nebihi penggawe ghibah utawi rasan-rasan.

Gusti Allah paring dawuh:

يٰاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اجْتَنِبُوْا كَثِيْرًا مِّنَ الظَّنِّ اِنَّ بَعْضَ الظَّنِّ اِثْمٌ وَّلَا تَجَسَّسُوْا وَلَا يَغْتَبْ بَّعْضُكُمْ بَعْضًا اَيُحِبُّ اَحَدُكُمْ اَنْ يَّأْكُلَ لَحْمَ اَخِيْهِ مَيْتًا فَكَرِهْتُمُوْهُ وَاتَّقُوا اللّٰهَ اِنَّ اللّٰهَ تَوَّابٌ رَّحِيْمٌ

“Hei wong-wong kang padha iman, ngedohono sira kabeh saka penyana ala, saktemene setengah saking penyana iku dosa, lan aja niti-niti alane liyan, lan sebagian sira aja (seneng) ngerasani marang liyan. Apa to demen salah siji sira kabeh umpama mangan daginge dulure dewe kag arupa bathang? Tentu sira bakal gething. Wediyo sira kabeh marang Gusti Alloh, saktuhune Gusti Alloh akeh nampa taubat tur welas asih.” (QS. Al-Hujurat: 12)

Ayat menika negesaken bilih tiyang mukmin kedah nilaraken penyana ala, uneg-uneg jember (ngeres), ngerasani (ghibah), keranten sedaya niki dosa, langkung – langkung ngerasani ingkang diumpamaaken kados tiyang ingkang mangan daging sedereke arupi bathang.

Baca Juga:  Khutbah Jumat: Mensyukuri Nikmat Sehat

Jama’ah ingkang kula hormati

Punapa sebab-ipun ghibah dipun ibarataken mangan daging sedereke arupi bathang? keranten penggawe ghibah saget ngrusak karukunan utawi pasederekan.

Banjur apa iku ghibah?

Dipun riwayataken saking shahabat Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu, saktuhune Kanjeng Nabi shalallahu ‘alaihi wasalam dawuh kalih para shahabat:

أَتَدْرُونَ مَا اَلْغِيبَةُ؟ قَالُوا: اَللَّهُ وَرَسُولُهُ أَعْلَمُ. قَالَ: ذِكْرُكَ أَخَاكَ بِمَا يَكْرَهُ 

“Apa to sira kabeh padha ngerti arane ghibah?, para shahabat njawab: “Allah lan Rasulipun ingkang langkung pirsa.” Kanjeng Nabi dawuh: “Ghibah iku sira nyebutake sedulur sira kelawan perkara kang piyambake ora demen.”

قِيلَ: أَرَأَيْتَ إِنْ كَانَ فِي أَخِي مَا أَقُولُ؟ قَالَ: إِنْ كَانَ فِيهِ مَا تَقُولُ فَقَدْ اِغْتَبْتَهُ، وَإِنْ لَمْ يَكُنْ فَقَدْ بَهَتَّهُ

Dipun tangletaken Kanjeng Nabi: “Kados pundi pemanggeh panjenengan menawi ingkang kita sebat-aken niku leres.?” Kanjeng Nabi njawab: “Lamun kang sira sebutake iku bener, mangka sira wis tindak ngerasani. Ananging lamun ora bener, mangka siro wes gawe fitnah.” (HR. Muslim)

Hadis menika sampun jelas bilih ngerasani niku penggawe ingkang jember, misale ngerasani sederek muslim ingkang nggadah kekirangan fisik, sifat, akal lan bandane. Penggawe mekaten menika saget ngrisak tatanan rukun lan nyebabaken bendune sederek.

Jama’ah ingkang kula hormati

Penggawe ngerasani ing jaman sakmangken soyo nguwatirake, keranten sampun dados kebiasaan tiyang wonten pundi kemawon, samar utawi terang, luwih-luwih wonten internet, youtube, facebook dados panggenan rasan-rasan.

Pramila mangga kita tebihi penggawe ghibah karono kejawi saged ngrisak karukunan, ugi saged dados molo kagem ingkag nindhakki ing dalem akhirat benjang.

Dipun riwayataken saking shahabat Anas bin Malik radhiyallahu ‘anhu, saktuhune Kanjeng Nabi shalallahu ‘alaihi wasalam dawuh:

لَمَّا عُرِجَ بِيْ, مَرَرْتُ بِقَوْمٍ لَهُمْ أَظْفَارٌ مِنْ نُحَاسٍ يَخْمِشُوْنَ وُجُوْهَهُمْ وَ صُدُوْرَهُمْ فَقُلْتُ : مَنْ هَؤُلآءِ يَا جِبْرِيْلُ؟ قَالَ : هَؤُلآءِ الَّذِيْنَ يَأْكُلُوْنَ لُحُوْمَ النَّاسَ

“Nalikane ingsun den mi’raj-ake, ingsun ngliwati sekelompok wong – wong kang handarbei kuku-kuku saka tembaga, pada grawut – grawut wong – wong kelawan kuku – kukune ing wajah – wajahe dewe ugo dada – dadane dewe. Nuli ingsung tanglet: “Sapa iku hei Malaikat JIbril?” Malakat Jibril jawab: ”Iku umat-mu kang duk rikalane ing ngalam ndunya seneng mangan daginge sedulure (ghibah).” (HR. Ahmad III / 223, Abu Dawud 4878-4879, Dishahihkan dening Syaikh Abu ishaq Al-Huwaini )

Baca Juga:  Khutbah Jumat: Makan dan Minum dengan Tangan Kanan, Sunnah yang Sering Diremehkan

Jama’ah ingkang kula hormati

Mugi-mugi kita sedaya saget nebihi penggawe ala, ugi dipun tebihaken saking ngerasani lan tansah dipun jagi kaliyan Gusti Allah saking sedaya maksiat. Amiin

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

KHUTBAH KA-2

 اَلْحَمْدُ  لِلَّهِ حَمْدًا  كَثِيْرًا  كَمَا  أَمَرَ.  أَشْهَدُ  أَنْ  لاَ  إِلَهَ  إِلاَّ  اللهُ  وَحْدَهُ  لاَ  شَرِيْكَ  لَهُ. وَأَشْهَدُ  أَنَّ  سَيِّدَنَا  مُحَمَّداً  عَبْدُهُ  وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَناَ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ

 اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ.

اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ.

رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. وَاذْكُرُوْا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ.

Baca juga: