KHUTBAH KA-1
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَجَعَلَ الظُّلُمَاتِ وَالنُّورَ ثُمَّ الَّذِينَ كَفَرُوا بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُونَ.
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى،
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ : يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
وَقَال أَيضًا
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
أَمَّا بَعْدُ
JAMAAH SHALAT JUMAT RAHIMAKUMULLAH
Ingkang sepindah mangga kita sami syukur dumateng Gusti Allah Ta’ala awit nikmat ingkang tansah kaparingaken dumateng kula jenengan sami.
Shalawat ugi salam mugi tansah kunjuk dumateng junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad shalallahu alaihi wasallam saha sinten kemawon ingkang nderek ugi dados pendherekipun dumugi dinten kiyamat benjang.
Mboten katalumpen mangga kita ningkataken ketakwaan dumateng Gusti Allah kanthi nindaki dawuh ugi nebihi pacuh.
Jamaah…
Mugi dados pamirsa, bilih takwa punika dados sangu ingkang penting ugi migunani kagem gesang ing ngalam ndonya ugi akherat mbenjang.
Gusti Allah Ta’ala paring dawuh:
وَتَزَوَّدُوا۟ فَإِنَّ خَيْرَ ٱلزَّادِ ٱلتَّقْوَىٰ
“Lan padha cecepako sangu sira kabeh, mongko saktuhune sak bagus-baguse sangu iku takwa.” (QS. Al Baqarah: 197)
JAMAAH SHALAT JUMAT RAHIMAKUMULLAH
Gusti Allah Ta’ala paring dawuh:
وَتَعَاوَنُوْا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوٰىۖ وَلَا تَعَاوَنُوْا عَلَى الْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ
“Padha tulung tulungana sira ing atase kebagusan lan takwa. Lan aja pada tulung-tulungan sira kabeh ing atase (nglakoni) dosa lan keawonan.” (QS. Al Maidah: 2)
Ayat ing ngajeng Gusti Allah Ta’ala paring dawuh supados kita panjenengan sami remen kelawan bebantu saha tetulung dhumateng piyantun sanes, sae sederek, tanggi ugi rencang. Ingkang kita tepang punapa ingkang mboten kita tepang.
Kalebet sederek kita ingkang wonten tlatah Palestina ingkang estu mbetahaken pitulung kita panjenengan sami.
JAMAAH SHALAT JUMAT RAHIMAKUMULLAH
Kanjeng Nabi Muhammad shalallahu alaihi wasallam ugi paring dawuh babagan tetulung menika. Wonten ing salah setunggil pangandikanipun:
مَنْ نَـفَّسَ عَنْ مُؤْمِنٍ كُـرْبَةً مِنْ كُرَبِ الدُّنْيَا ، نَـفَّسَ اللهُ عَنْهُ كُـرْبَةً مِنْ كُـرَبِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ
“Sapa wonge kang njembarke (aweh tulung) marang wong mukmin liya kang nandhang kesusahan, mongko Gusti Allah bakal njembarke (aweh pitulungan) marang wong mau ana ing dina Kiamat.” (HR Muslim)
Hadits ing ngajeng mboten namung dawuh paring tetulung, ananging ugi bebungah tumrap sinten kemawon ingkang demen kelawan tetulung.
Wonten ing hadits sanes dipun sebataken:
مَنْ نَصَرَ أَخَاهُ بِظَهْرِ الْغَيْبِ نَصَرَهُ اللهُ فِي الدُّنْيَا وَالآخِرَةِ
“Sapa kang tetulung marang sedulure (muslim) kang ora ana ngarepe, mongko Gusti Allah bakal paring tetulung (marang wong sing paring tetulung kui mau) ing dalem ndonya dalasan akherat.” (HR Al-Baihaqi kanthi sanad kang shahih)
JAMAAH SHALAT JUMAT RAHIMAKUMULLAH
Aweh tetulung punika saged arupi punapa kemawon: bandha, tenaga utawi pandonga.
Akhiripun Mugi-mugi kita sedaya dipun gampilaken Gusti Allah Ta’ala hanggadahi semangat tetulung ing dalem kesaenan dumatheng sinten kemawon.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH KA-2
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رب العالمين، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
أَمَّا بَعْدُ
فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ.
وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ.
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ
اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ لا إله إلا أنت.
إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغيِ يَعظُكُم لَعَلَّكُم تَذَكَّرُونَ.
فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
(lafal do’a bisa divariasi sesuai kebutuhan)