KHUTBAH I

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ.

اَللهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ،

لاَإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ

اَلْحَمْدُ للّٰه الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَـقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلاَّ اللّٰه وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللّٰه ، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانٍ إلَى يَوْمِ الدِّين

أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ. قال الله تعالى:

قال الله تعالى : يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُونَ. وَ قَالَ: يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُواْ رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُم مِّنْ نَّفْسٍ وَّاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاء وَاتَّقُواْ اللّهَ الَّذِي تَسَاءلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً

Jamaah shalat Idul Fitri ingkang kula hormati,

Ingkang sepindah mangga kula dherekaken tansah ngunjukaken raos puja-puji syukur dumateng Gusti Allah Azza wa Jalla awit nikmat ingkang tansah dipun andap-aken dumateng kita panjenangan sami, utaminipun nikmat iman ugi kesarasan.

Shalawat ugi salam munggih tansah kunjuk dumateng suri tauladan kita kanjeng Nabi Muhammad shalallahu ‘alaihi wasalam, dalasan para keluarganipun, sahabat, saha sinten kemawon ingkang nderek ugi dados penderekipun dumugi dinten kiamat benjang.

Jamaah shalat Idul Fitri ingkang kula hormati,

Tembe kemawon kita tinilar dening wulan Ramadhan. Wulan ingkang kebak barakah, kebak kabagusan, saha kebak maewu-ewu kautaman sanesipun. Wulan ingkang sak lebetipun wulan punika kita dipun wajibaken nindaki siyam Ramadhan, wulan ingkang kasunahaken shalat tarawih, ugi wulan ingkang den wajibaken ngedalaken zakat fitri, kagem ngresiki awak saha banda, ugi kagem paring bebantu ing piyayi sanes.

Ing akhir-akhir punika kita kathah temahi ugi tingali kathah sanget piyantun ingkang gampil sanget kelawan medhotaken pasederakan, padudon, memengsahan, kepara mboten sekedik ingkang tega sami perjaya-pinerjaya. Naudzubillahin dzalik.

Gusti Allah Ta’ala ugi kanjeng Nabi dawuh supados kita umat Islam tansah njagi pasederekan ugi sanget-sanget bendu tumindak ngrisak pasederekan.

Gusti Allah Ta’ala paring dawuh:

وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ ۚ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

“Lan pada wedio sira kabeh ing Gusti Allah kang tokan-takon sira kabeh ing Gusti Allah, lan pada wedio sira kabeh saka medhotake paseduluran.” (QS. An Nisa: 1)

Ora amung den larang, medhotke paseduluran uga kaancam kelawan den lebokake ing neraka jahanam.

Baca Juga:  Khutbah Jum'at: Lisanmu Cermin Imanmu

Saking sahabat Jubair bin Muth’im radhiyallahu ‘anhu, kanjeng Nabi shalallahu ‘alaihi wasalam paring dawuh:

لَا يَدْخُلُ اَلْجَنَّةَ قَاطِعٌ, يَعْنِي: قَاطِعَ رَحِمٍ

“Ora den lebokake ing suarga wong kang demen medhot paseduluran.” (HR. Bukhari 2984 & Muslim no. 2556)

Imam Qadhi bin Iyadh rahimahullah, ngendika: “Para ulama’ ora ana beda pendapat babagan wajibe njaga silaturahim saha dosa gedhene laku medhotake utawa ngrusak paseduluran.” (Syarh Nawawi VIII / 345)

Jamaah shalat Idul Fitri ingkang kula hormati,

Hikmah sanes saking dipun larang ngrisak paseduluran, karono tumindak niku saged ndamel ringkihipun kekiatan kaum muslimin, sahengga tundanipun gampil dipun kuwaosi saha dipun kawaon-aken tiyang-tiyang kafir.

Saking kanjeng Nabi Muhammad shalallahu ‘alaihi wasalam, Gusti Allah Ta’ala paring ngendika wonten setunggilipiun hadits Qudsi:

أَنْ لاَ أُسَلِّطَ عَلَيْهِمْ عَدُوَّا مِنْ سِوَى أَنْفُسِهِمْ. حَتَّى يَكُونُ بَعْضُهُمْ يُهْلِكُ بَعْضًا, وَ يَسْبِي  بَغْضُهُمْ بَعْضًا.

“Saktuhune Ingsun (Allah) ora bakal gawe wong-wong kafir bisa nguasani sira kabeh (wong Islam), sahengga kedadian sebagian umat Islam merangi (hancurke) sebagian liyane, saha kedadean umat Islam pada saling ala-alanan (saling ngina).” (HR. Muslim no.2669, den sebutake syaikh Abdurrahman bin Nashir  As Sa’dy ing dalem kitab Al Qaulu As Sadid hal. 173)

Jamaah shalat Idul Fitri ingkang kula hormati,

Saking keterangan-keterangan ing ngajeng cetha sanget bilih tindak medhotaken saha ngrisak paseduluran saged ndamel tunanipun manungsa ing dalem ndonya ugi akhirat, saha saged ndamel ringkihipun kaum muslimin.

Wondening setengah saking sebab gampilipun tiyang punika ngrisak paseduluran, antawes ipun:

Kapisan: Kepanjingan ndonya.

Wong kang kepanjingan kadonyan bakal tega nindaki apa wae ora peduli halal utawa haram, nglarani utawa mateni, ngedohi utawa nggenthingi, sing penting ndoya sing den uber kacekel.

Kanjeng Nabi shalallahu ‘alaihi wasalam, paring dawuh:

حُبُّ الدُّنْيَا رَأْسُ كُلِّ خَطِيئَةٍ

“Gandrung ndonya iku pangkal sekabehane dosa.” (HR. Al Baihaqi)

Kaloro: Sikap fanatik (ashobiyah) ing golongan ugi kelompok.

Sikap fanatik yaiku kang ngukur bener – luput, ala – becik dasar kelompok utawa golongane.

Sikap fanatik iku nuwuhake sikap acuh lan mungsuhi ing liyan, utamane kang beda ing golongan utawa Partai-ne. Lamun golongan utawa kancane den gepok senggol den bela mati-matian, ananging mendel mawon rikalane agamane utawa kaum muslimin liya kang dudu golongan den larani.

Mila, kanjeng Nabi Shallallahu ‘alaihi wasallam banget duka kelawan sikap fanatik punika. Kabukten ing dalem hadits kanjeng Nabi shalallahu ‘alaihi wasalam paring dawuh:

لَيْسَ مِنَّا مَنْ دَعَا إِلَى عَصَبِيَّةٍ وَلَيْسَ مِنَّا مَنْ قَاتَلَ عَلَى عَصَبِيَّةٍ وَلَيْسَ مِنَّا مَنْ غَضِبَ لِعَصَبِيَّةٍ

Baca Juga:  Khutbah Jumat: Makan dan Minum dengan Tangan Kanan, Sunnah yang Sering Diremehkan

“Ora kalebu golonganku sapa wae sing ajak-ajak marang urusan ashobiyyah (fanatik), orang kalebu golonganku sapa wae sing perang utawa padudon awit urusan ashobiyyah, lan ugo ora kalebu golonganku sapa wae sing nesu utawa gething-gethingan sebab urusan ashobiyyah.” (HR. At Tirmidzi ing Aqidatut Tauhid Syaikh Fauzan, hal. 128)

Kaloro: Ora pinter ngendaleni lathi.

Akeh banget kedadean pedhot-pedhotan paseduluran karana lathi kang ora kajagi. Kepara akeh uga kedadean gegelutan nganti paten-patenan uga gara-gara lathi kang ora kajagi.

Imam Al Kalby rahimahullah, ngendika: “Lathi sira iku embakke kewan galak, lamun sira ora ngrangkeng kewan iku, temen bakal nyakot sira lan nyakot wong-wong kiwa tengene sira.” (Tazkiyatun Nafs syaikh Ahmad Faridz)

Kaloro: Makar rencanane wong kafir.

Kemungkinan terakhir kedadosan risakipun ukhuwah, inggih punika makar utawi rencananipun tiyang kafir. Ingkang pancen tiyang kafir menika tiyang ingkang mboten remen kalih islam ugi tiyang islam.

Gusti Allah paring dawuh:

ولَنْ تَرْضَى عَنْكَ الْيَهُودُ وَ النَّصَارَى حَتَّى تَتَّبِعَ مِلَّتَهُمْ

“Pisan-pisan ora bakal ridha marang awakmu wong-wong Yahudi uga Nashrani, sahengga nira ngenut sing dadi karep lan agamane.” (QS. Al Baqarah: 120)

Jamaah shalat Idul Fitri ingkang kula hormati,

Mekaten pinten-pinten perkawis ingkang saged dados sebab pedhot ugi rusakipun ukhuwah utawi paseduluran. Mugi-mugi kita saged nebihi perkawes-perkawis ing ngajeng, sahengga gesang saha panggesangan kita tansah pikantuk barakah, saha kaum muslimin dados umat ingkag kiat, ingkang mboten gampil ka-adu domba saha ka-kawoanen dening tiyang kafir.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

KHUTBAH II

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ

اَلْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، أَشْهَدُ أَنْ لاَإِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.

فَيَاعِبَادَ اللهِ اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِيْ كِتَابِهِ اْلعَظِيْمِ “إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِيِّ, يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا”.

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ.

رَبَّنَا أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ.

اللَّهُمَّ أَعِنَّا عَلَى ذِكْرِكَ وَشُكْرِكَ وَحُسْنِ عِبَادَتِكَ.

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ.

اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ.

رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ