KHUTBAH I

اَلْحَمْدُ للهِ  الَّذِي عَلَّمَ بِالْقَلَمِ ، وَأَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعْـمَةِ اْلإِيْمَـانِ وَاْلإِسْـلاَمِ ، أَشْهَـدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْـهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ،  أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَـيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.

أَمَّا بَعْـدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْـوَى اللهِ خَالِقِ اْلأَنَامِ ، فَقَدْ قَالَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ  : أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشًّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْن

Jamaah shalat Jumat ingkang kula hormati

Ingkang sepindah mangga kita sami muji syukur dumateng Gusti Allah ﷻ wonten panggenan pundi kemawon, awit nikmat ingkang mboten kendat-kendatipun kita tampi. Inggih kanthi cara ngginakaken nikmat kagem sarana depe-depe dumateng Gusti Allah.

Shalawat ugi salam mugi tansah kaaturaken dumateng kanjeng Nabi Muhammad ﷺ, keluarganipun, para sahabat, ugi sinten kemawon ingkang nderek ugi dados pandherek-ipun dumugi tumapakipun dinten kiyamat benjang.

Mboten kesupen khatib ngajak awak ugi panjenengan sami, mangga sami ningkataken takwa kita dumateng Gusti Allah ﷻ, inggih kanthi nindaki dawuh-dawuhipun sarta nebihi sedanten awisan-awisanipun.

Jamaah shalat Jumat ingkang kula hormati

Wonten ing khutbah Jumat punika, khatib badhe ngaturaken materi ngengingi bahayanipun tindak zalim utawi aniaya dumateng piyantun sanes. Ngengeti sakpunika kathah sanget tiyang ingkang tega ugi gampil tindak aniaya ing liyan, sae aniaya ing dalem badanipun, bandhanipun ugi kehormatanipun.

Aniaya ing badan menika kados milara, merjaya utawi sanesipun. Aniaya dumateng bandhanipun kados nguasai bandhanipun liyan kelawan cara-cara ingkang dipun awisi dening syariat. Ugi aniaya ing kehormatan, kanthi tindhak fitnah, ngala-ala, ghibah utawi ngrasani, ugi sanes-sanesipun.

Pramila sebab punika Gusti Allah ﷻ banget nglarang tindak zalim punika.

إِنَّمَا السَّبِيْلُ عَلَى الَّذِيْنَ يَظْلِمُونَ النَّاسَ

“Saktuhune dosa iku amung kanggo wong-wong kang pada tindak aniaya ing Liyan.” (QS. Asy Syura : 42)

Ing dalem hadits Qudsi Gusti Allah ﷻ paring dawuh:

يَا عِباَدِي إِنِّي حَرَّمْتُ الظُّلْمَ عَلَى نَفْسِي وَ جَعَلْتُهُ بَيْنَكُمْ مُحَرَّمًا. فَلاَ تَظَالَمُوا

Baca Juga:  Khutbah Jumat: Perbanyak Mengingat Mati

“Hei kawula Ingsun, saktuhune Ingsun haram-ake penggawe zalim ing atase Dzat Ingsun, lan ndadek-ake (sapa) Ingsun ing penggawe zalim haram dilakoni antarane nira, mangka ojo pada gawe zalim.!” (HR. Muslim no. 2577, Bukhari wonten ing Adabul Mufradz no. 490, Al-Baihaqy ing dalem As-Sunan Al-Kubra no. 11283, Ibnu Hibban ing dalem Shahihipun no. 619, saking shahabat Ibnu Mas’ud)

Wondene kanjeng Nabi ﷺ paring dawuh:

الْمُسْلِمُ أُخُوا الْمُسْلِمِ, لاَ يَظْلِمُهُ

“Wong muslim iku sedulure wong muslim liya, mangka ojo tindak nganiaya ing liya.” (HR. Bukhari no. 2442, Muslim no. 2580)

Jamaah shalat Jumat ingkang kula hormati

Kejawi punika, tindaak zalim utawi aniaya saged nuwuhaken karugen kagem tiyang ingkang nglampahi, sae karugen ing dalem ndonya langkung maleh ing dalem akhirat.

Ing ndalem ndonya, wong kang zalim bakal dipun gething ugi dipun tebihi tiyang kathah, setunggil malih bilih tiyang zalim bakal kenging ijabahe donganipun tiyang ingkang dipun aniaya. Kanjeng Nabi ﷺ banget wanti-wanti ing bab punika:

واتَّقُوْا دَعْوَةَ الْمَظْلُوْمِ فَإِنَّهَا لَيْسَ بَيْنَهَا وَ بَيْنَ اللهِ حِجَابٌ

“Pada wedio sira kabeh ing pandongane wong kang ka-aniaya, karono saktuhune antarane dongane (wong kang ka-aniaya) karo Gusti Allah ora ana aling-aling (ijabah).” (HR. Bukhari 2268 , Muslim 19, saka shahabat Muadz Bin Jabal)

Winasis ingkang asesilih Yazid bin Hakim rahimahullah, ngendika: “Ing ndonya iki ora ana manungsa kang luwih tak wedeni, ngungkuli wong kang wes pernah ingsun aniaya (red: karono ijabahe dongane).” (Kitab. Al Kabaier Adz Dzahabi  XXVI / 116)

Jamaah shalat Jumat ingkang kula hormati

Dene ing akherat mbenjang, wong-wong kang demen tindak aniaya bakal nemoni dalan peteng uga cinawisan piseksa kang nggegirisi. Gusti Allah ﷻ paring dawuh:

وَلَا تَحْسَبَنَّ اللَّهَ غَافِلًا عَمَّا يَعْمَلُ الظَّالِمُونَ إِنَّمَا يُؤَخِّرُهُمْ لِيَوْمٍ تَشْخَصُ فِيهِ الْأَبْصَارُ

“Ojo pisan-pisan sira ngira lamun Gusti Allah supe saka tindak lakune wong-wong zalim. Saktemene Gusti Allah ngakhirake (azabe) wong-wong zalim nganti katekane dina kang nyebabake mripat-mripat pada mentheleng.” (QS. Ibrahim: 42)

Baca Juga:  Khutbah Jum'at: Jagalah Lisanmu

Ayat menika negesaken bilih penggawe zalim niku bakal angsal piwales arupi azab ingkang nggegirisi. Gusti Allah bakal mbales penggawe zalim mbenjing wonten dinten kiamat, sahengga saben mripate menungsa pada mentheleng (terbelalak) karono dahsyate siksa.

Kanjeng Nabi ﷺ paring dawuh:

اِتَّقُوا الظُّلْمَ فَإِنَّ الظُّلْمَ ظُلُماَتٌ يَوْمَ الْقِيَامَةِ

“Pada wedio sira kabeh saka penggawe zalim, karono zalim iku bakal dadi pepeteng ing dina kiamat besok.” (HR.  Ahmad II / 92, Al Hakim dalam Al Mustadrak  I / 11, Muslim no. 2587)

Imam Suyuti rahimahullah ing Syarh Muslim mertelaaken bilih tembung pepeteng menika dados tetembungan (kiasan) bilih tiyang ingkang zalim badhe pikantuk piwales arupi siksa ingkang nggegirisi.

 Jamaah shalat Jumat ingkang kula hormati

Pramila mangga kita tebihi sedanten penggawe aniaya ingkang estu nyeseraken ugi nyengsaraaken dumateng awak ugi piyantun sanes.

باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآيَاتِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. إِنَّهُ تَعاَلَى جَوَّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ

KHUTBAH II

اَلْحَمْدُ  لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. أَشْهَدُ  أَنْ  لاَ  إِلَهَ  إِلاَّ  اللهُ  وَحْدَهُ  لاَ  شَرِيْكَ  لَهُ. وَأَشْهَدُ  أَنَّ مُحَمَّداً  عَبْدُهُ  وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

أَمَّا بَعْدُ, فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى.

وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَناَ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ

اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ.

رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ.

عِبَادَ اللّٰهِ اِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ. يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ.

فَاذْكُرُوا اللّٰهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَ اشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَلَذِكْرُ اللّٰهِ اَكْبَرُ