KHUTBAH I

اَلْحَمْدُ للهِ  الَّذِي عَلَّمَ بِالْقَلَمِ ، وَأَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعْـمَةِ اْلإِيْمَـانِ وَاْلإِسْـلاَمِ ، أَشْهَـدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْـهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ،  أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَـيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.

اَمَّا بَعْدُ، فَيَااَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْقَدِيْرِ حَيْثُ قَالَ تَعَالَى : يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَقَالَ : يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا

Jamaah shalat Jumat ingkang kula hormati

Laku adil ing dalem agami Islam mboten namung dipun dawuhaken, ananging estu-estu dipun wajibaken. Adil wonten ing pundi kemawon saha adil dumateng sinten kemawon.

Gusti Allah ﷻ paring dawuh:

وَأَقْسِطُواْ إِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ الْمُقْسِطِيْنَ

“Lan adilo sira kabeh, saktuhune Gusti Allah iku demen ing wong-wong kang laku adil.” (QS. Al Hujurat: 9)

Lan ugi kasebat wonten ing dalem ayat sanesipun. Gusti Allah ﷻ dawuh:

اِعْدِلُوا هُوَ أَقْرَبُ لِلتَّقْوَى

“Pada adilo sira, (karana) adil iku luwih cerak marang takwa.” (QS. Al Maa’idah: 8)

Jamaah ingkang kula hormati,

Salah setunggil laku adil ingkang kedah dipun darbei dening tiyang muslim inggih punika adil dumateng putra-putri, utaminipun ing bab peparing.

Kanjeng Nabi ﷺ ngendika:

سَاوُوْا بَيْنَ أَولاَدِكُمْ فِي الْعَطِيِّةِ, فَلَوْ كُنْتُ مُفَضِّلاً لَفَضَّلْتُ النِّسَاءَ

“Adilo (ratakno) sira ing antarane anak-anak sira ing dalem peparing, lamun ingsun diantuki ngluwihake anak siji saka liyane, temen bakal tak luwihke anak wadon.” (HR. Al Baihaqi dan Ath Thabrani)

Jamaah ingkang kula hormati,

Kanjeng Nabi ﷺ paring ngendika wekdal shahabat Nu’man bin Basyir radhiyallahu ‘anhu saha bapakipun sowan dateng kanjeng Nabi, nyuwun supados kanjeng Nabi kersa dados seksi anggenipun bapakipun Nu’man paring hibah dumateng Nu’man: “Apa anak-anakmu liyane uga sira wenehi kang pada.? Bapakipun Nu’man ngendika: “Mboten, namung Nu’man kemawon.”

Baca Juga:  Khutbah Jum'at Basa Jawi: Mangayubagya Pengetan Dina Kamardikan Republik Indonesia

Banjur kanjeng Nabi ﷺ dawuh:

اِتَّقُوا اللهَ وَاعْدِلُوا فِي أَوْلاَدِكُمْ. فَرَجَعَ أَبِي فَرَدَّ تِلْكَ الصَّدَقَةَ

“Wedio sira ing Gusti Allah lan adilo ing anak-anak sira.!”

Bapakipun Nu’man lajeng kondur, banjur peparing punika dipun pendhet malih. (HR. Bukhari & Muslim)

Hadits punika ngemut hikmah supados tiyang sepuh niku tansah adil dumateng putra- putranipun ing bab peparing.

Awit, mboten adilipun tiyang sepuh niku saged ndamel gething-gethingan saha mengsahan antawisipun putra setunggal kalih sanesipun, saha gething-gethingan antawisipun putra kalih tiyang sepuh. Naudzubillahi mindzalik.

Jamaah ingkang kula hormati,

Mekaten khutbah Jumat ingkang kawula aturaken. Mugi-mugi manfaat. Ing wasana mangga kita upadi laku adil, supados kula panjenengan sami kalebet tiyang ing takwa saha supados gesang kita pikantuk katentreman ugi kabagyan. Amin Yaa Rabbal Alamin…

باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآيَاتِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. إِنَّهُ تَعاَلَى جَوَّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ

KHUTBAH II

اَلْحَمْدُ  لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. أَشْهَدُ  أَنْ  لاَ  إِلَهَ  إِلاَّ  اللهُ  وَحْدَهُ  لاَ  شَرِيْكَ  لَهُ. وَأَشْهَدُ  أَنَّ مُحَمَّداً  عَبْدُهُ  وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

أَمَّا بَعْدُ, فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى.

وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَناَ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ

اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ.

رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ.

عِبَادَ اللّٰهِ اِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ. يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ.

فَاذْكُرُوا اللّٰهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَ اشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَلَذِكْرُ اللّٰهِ اَكْبَرُ