KHUTBAH I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَجَعَلَ الظُّلُمَاتِ وَالنُّورَ ثُمَّ الَّذِينَ كَفَرُوا بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُونَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ
عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وَقَالَ تَعَالَى: يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَقَالَ تَعَالَى : يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَكُوْنُوْا مَعَ الصّٰدِقِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ
Para Sedherek Jamaah Shalat Jumat Ingkang Minulya,
Gusti Allah Ta’ala dawuh ing dalem Al Qur’an supados kula panjenengan sami handarbei laku jujur ing kahanan kados punapa kemawon, saha tansah gesang nyartani tiyang-tiyang ingkang demen kelawan laku jujur.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَكُوْنُوْا مَعَ الصّٰدِقِيْنَ
“Hei wong-wong kang pada iman, pada wedio sira kabeh ing Gusti Allah, lan anaho sira kabeh iku sartane wong-wong kang pada jujur.” (QS. At Taubah: 119)
Ondening ingkang dipun wastani jujur inggih punika:
مُوَافَقَةُ الظَّاهِرِ لِلْبَاطِنِ، وَالْقَوْلِ لِلْعَمَلِ، وَالْخَبَرِ لِلْوَاقِعِ.
“Jumbuhipun antarane tata lahir ugi batin, ngendikan kalih tindakan, ugi jujur punika caos kabar ingkang jumbuh kaleh kasunyatan.”
Ondening jujur ing gaya hidup nggeh puniko bergaya hidup jumbuh kalih kemampuan saha kasunyatan.” (Kitab Bahjatun Naadhirin Syarah Riyaadhish Shaalihiin I / 106, Daaru Ibnil Jauzy)
Para Sedherek Jamaah Shalat Jumat Ingkang Minulya,
Sakyektosipun sifat jujur punika kejawi mujudaken dawuhipun Gusti Allah Ta’ala ugi handarbei kautaman saha keberkahan ingkang kathah malipet, antawisipun:
Sepindah: Jujur menika saged nglahiraken katentreman, kabagyan ugi kaselametan. Rasulullah shalallahu ‘alaihi wasalam ngendika:
دَعْ مَا يَرِيْبُكَ إِلَى مَا لاَ يَرِيْبُكَ, فَإِنَّ الصِّدْقَ طُمَأنِيْنَةٌ وَ الْكَذِبَ رِيبَةٌ
“Tinggalno barang-barang kang gawe sira mamang, kanggo nindaki barang-barang kang ora gawe sira mamang. Saktuhune jujur iku nglahirake katentreman, ondene goroh nglahirake kebingungan (usrek).” (HR. At Tirmidzi, Shahih Al Jami’ no. 3377 – 3378, dishahihkan Al Albani dalam Irwaul Ghalil no. 2074)
Ulama’ Tabi’in Abu Mijaz Lahiq bin Humaid rahimahullah ngendika:
عَلَيْكُمْ بِالصِّدْقِ, فَإِنَّهُ نَجَاةٌ
“Wajib ing atase sira kabeh jujur, karono jujur iku keselametan.” (Atsar riwayat Ibnu Abi Dunya dalam Kitab Ash Shamti hal. 228)
Kaloro: Jujur nglahirake kaberkahan urip. Kawula ingkang jujur bakal pikantuk jaminan berkahe urip, berkahe pegawean, uga berkah ing samubarange. Kanjeng Rasulullah shalallahu ‘alaihi wasalam ngendika babagan bakul lan wong kang nukoni:
فَإِنْ صَدَقَا وَ بَيَّنَا بُوْرِكَ لَهُمَا فِي بَيْعِهِمَا
“Lamun kalorone jujur ugo terus terang, mangka kalorone bakal diparingi barokah ing dalem transaksine (dol tinukune).” (HR. Bukhari 2079 dan Muslim 1532)
Katelu: Wong sing jujur bakal dipercoyo.
Wong kang jujur iku bakal dipercaya ing liyan, sak omong-omonge dipercoyo lan digugu. Ondene wong kang goroh bakal kelangan kapercayan saka liyan, sinaoso kadang omongane bener tetep dipaido lan ora dipercaya.
Setunggilipun ulama’ ngendika:
فَاحْفَظْ مِنَ الْكَذِبِ لِسَانَكَ فِي الْجِدِّ وَ الْهَزْلِ. ثُمَّ أَنَّكَ إِذَا عُرِّفْتَ بِذَلِكَ سَقَطَتْ الثِّقَةُ بِقَوْلِكَ.
“Jogonen awak sira saka gorohe lathi ing dalem tenanan uga ing dalem sembranan. Karono lamun awakmu kondhang gorohe, bakal ilang kapercayan Liyan ing awakmu.” (Maraqi Al Ubudiyah Imam Muhammad bin Umar An Nawawi hal. 95)
Jamaah shalat Jumat ingkang kula hormati
Ondene ing dalem akherat, jujur punika dalanipun kawula den lebetaken Gusti Allah ing suarganipun.
عَلَيْكُمْ بِالصِّدْقِ فَإِنَّ الصِّدْقَ يَهْدِى إِلَى الْبِرِّ وَ إِنَّ الْبِرَّ يَهْدِى إِلِى الْجَنَّةِ
“Wajib ing atase sira kabeh jujur, karono jujur iku dalane ngalap kebagusan, lan saktuhune kebagusan iku dalane ngalap suarga.” (HR. Bukhari dalam Shahih Bukhari no.6094, dan Muslim dalam Shahihnya no. 2607)
Jamaah shalat Jumat ingkang kula hormati
Pramila mangga kita sami mujahadah alias tememen pados kelebet ewanipun tiyang jujur, ingkang jujur punika badhe nemahi gesang mujur, saha mangga kita tebihi laku goroh, ingkang goroh punika badhe nemahi ajur-mumur.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH II
إِنَّ الْحَمْدَ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ فَاتَّقُوْهُ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلٰى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ
اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللَّهِ…. إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ










