KHUTBAH I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَجَعَلَ الظُّلُمَاتِ وَالنُّورَ ثُمَّ الَّذِينَ كَفَرُوا بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُونَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ
عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ : يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
فَإنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ، وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ. أَمَّا بَعْد
Para Sedherek Jamaah Shalat Jumat Ingkang Minulya,
Monggo tansah sami netepi ajrih lan takwa dumateng gusti Allah Ta’ala, kanthi tansah nindak-aken dawuh-dawuhipun saha nebihi sedaya awisan-awisanipun, supados gesang kita tansah pikantuk kanugrahan saking ngarsa dalem Allah wiwit ndonya ngantos akhirat benjang.
Shalawat ugi salam mugi tansah kunjuk dumateng junjungan kita panjenengan sami kajeng Nabi Muhammad shalallahu ‘alaihi wasalam sarto sinten kemawon ingkang nderek ugi dados panderekipun hengga tumapakipun dinten kiamat benjang.
Sak lajengipun mangga kita tingkataken ibadah kita, utaminipun shalat fardu ingkang gangsal wekdal. Jalaran shalat fardu punika dados ukuran tumrap ibadah sanesipun, menawi bagus shalatipun mangka ngamal ibadah sanesipun ugi badhe dados bagus, semanten ugi kosok wangsulipun.
Para Sedherek Jamaah Shalat Jumat Ingkang Minulya,
Setengah saking cara ndandosi lan ningkataken kebagusan shalat kita inggih kanthi nindakaken shalat fardu kanthi berjamaah, utaminipun wonten masjid. Amargi kejawi shalat jamaah ten masjid (utaminipun kagem kakung) den dawuhaken, ugi kathah sanget barakah utawi kautaman ing dalem nindaki shalat jamaah punika.
Gusti Allah Ta’ala paring dawuh:
وَاَ قِيْمُواالصَّلٰوةَ وَاٰ تُواالزَّكٰوةَ وَا رْكَعُوْا مَعَ الرّٰكِعِيْنَ
“Lan tindakna shalat, lan bayaren zakat, sarto rukuko sira kabeh nyartani wong- wong kang pada ruku’.” (QS. Al-Baqarah: 43)
Seperangan ahlu tafsir sami ngediko: “Ayat iki mujudake dhawuh nindakake shalat jamaah.”
Menggah setengah saking kautamanipun jamaah antawisipun kados dipun riwayataken saking sayyidina Ibnu Umar radhiyallaahu ‘anhuma. Kanjeng Rasulullah shalallaahu ‘alaihi wasalam paring sabda:
صَلَاةُ الْجَمَاعَةِ أَفْضَلُ مِنْ صَلَاةِ اَلْفَذِّ بِسَبْعٍ وَعِشْرِينَ دَرَجَةً
“Sholat jama’ah iku luwih utama dibandingake shalat dewekkan kelawan pitulikur derajat (lipet).” (HR. Bukhari dalam Fathul Baary II / 131, Muslim 650)
Kasebat wonten ing kitab Al Kabair Imam Adz-Dzahabi, kanjeng Nabi shalallahu ‘alaihi wasallam paring dawuh babagan kautaman sholat jamaah:
“Sing sapa wonge shalat limang wektu kanthi jamaah tur ajeg, mangka tumrap wong iku bakal pinaringan limang kamulyan: (1) Ora bakal ketaman faqir urip ana ndonyane, (2) Bakal dislametake dening gusti Allah saka siksa kubur, (3) Bakal diparingi buku cathetan amale kang ditompo kelawan tangan tengene, (4) Bakal liwat ing kreteg shirath kelawan cepet kaya kilat kang nyamber, (5) Gusti Allah bakal nglebokake suwarga kelawan tanpa ka-hisab (katlesih amale) lan tanpa ngrasakke siksa.’’
Tasih kathah malih kautaman-kautaman sanesipun sae ingkat kasebat ig dalem Al Qur’an ugi As Sunnah.
Para Sedherek Jamaah Shalat Jumat Ingkang Minulya,
Pramilo monggo kangge nggayuh kanugerahan peparingipun gusti Allah kala wau, sareng-sareng kita andadosi lan ningkataken shalat fardu kita, saha nebihi punapa kemawon ingkang saged ndamel kita rendhet ugi males nindakki shalat jamaah. Gusti Alloh dawuh ing Al-Qur’an:
يٰاَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا لاَ تُلْهِكُمْ اَمْوَالُكُمْ وَلاۤ اَوْلادُكُمْ عَنْ ذِكْرِ اللّٰهِ. وَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ فَاُولۤئِكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ.
“He wong-wong kang pada iman, ojo nungkulake pira-pira bandha nira, uga ojo (nungkulake) pira-pira anak nira saka eling marang gusti Allah, sing sapa wonge ketungkul nglakoni kang kasebut, mangka wong-wong kang mengkono iku wong kang pada nandang kapitunan.” (QS. Al Munafiqun: 9)
Para Sedherek Jamaah Shalat Jumat Ingkang Minulya,
Wusananipun monggo tansah nyenyuwun mugi kita kaparingan rahmat lan pitulungipun gusti Allah, tansah saget rumeksa dateng kewajiban shalat fardu punika, akhiripun manggih kabagyan ing dalem donya ngantos ing dalem akhirat mangkih. Amin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH II
إِنَّ الْحَمْدَ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ فَاتَّقُوْهُ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلٰى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ
اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللَّهِ…. إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ










