KHUTBAH I
اَلْحَمْدُ للّٰه الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَـقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ،
أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلاَّ اللّٰه وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللّٰه ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسَانٍ إلَى يَوْمِ الدِّينِ
أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأَيُّهَا الإِخْوَانُ، أوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ،
قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ: وَالَّذِينَ يُؤْذُونَ الْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ بِغَيْرِ مَا اكْتَسَبُوا فَقَدِ احْتَمَلُوا بُهْتَانًا وَإِثْمًا مُبِينًا، أَمَّا بَعْدُ
Jamaah shalat Jumat ingkang kula hormati
Ingkang sepindah monggo kita tansah syukur dumateng Gusti Allah Ta’ala, ingkang tansah ngudani nikmat dumateng kula panjenengan sami, inggih kanthi ngginakaken nikmat pinangka sarana depe-depe dumateng Gusti Allah.
Ugi monggo tansah kita tingkataken takwa dumateng Gusti Allah Ta’ala kanthi nglampahi sedaya dawuh-dawuhipun, ugi nebihi sedaya awis-awisanipun. Amargi saking takwa kita bade pikantuk rahmat lan kabegjan gesang saking Gusti Allah ﷻ ing dalem gesang donya ugi akhirat.
Shalawat sarta salam mugi tansah kaaturaken dumateng kanjeng Nabi Muhammad ﷺ, kaluarganipun, para sahabat, ugi sinten kemawon ingkang nderek sunnah ugi pitedahipun hengga akhir zaman benjang.
Jamaah ingkang kula hormati,
Salah satunggil lampah awon ingkang kita kedah tebihi inggih punika remen kelawan misuh-misuh utawi nyacat piyantun sanes, sae kanthi langsung punapa lumantaran media sosial. Sae ingkang wujud sindiran utawi ingkang cetha. Awit pangucap awon punika cetha laku ingkang dipun larang ing dalem agami Islam.
Gusti Allah ﷻ paring dawuh,
يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ لَا يَسۡخَرۡ قَوۡمٞ مِّن قَوۡمٍ عَسَىٰٓ أَن يَكُونُواْ خَيۡرٗا مِّنۡهُمۡ وَلَا نِسَآءٞ مِّن نِّسَآءٍ عَسَىٰٓ أَن يَكُنَّ خَيۡرٗا مِّنۡهُنَّۖ وَلَا تَلۡمِزُوٓاْ أَنفُسَكُمۡ وَلَا تَنَابَزُواْ بِٱلۡأَلۡقَٰبِۖ بِئۡسَ ٱلِٱسۡمُ ٱلۡفُسُوقُ بَعۡدَ ٱلۡإِيمَٰنِۚ وَمَن لَّمۡ يَتُبۡ فَأُوْلَٰٓئِكَ هُمُ ٱلظَّٰلِمُونَ ١١
“Hei wong-wong kang pada iman, ojo ngina (misuh) sebagian wong lanang marang sebagian wong lanang liya. Karana isa uga wong lanang kang den ina iku luwih becik tinimbang kang ngina. Semono uga ojo ngina sebagian wong wadon marang sebagian wong wadon liya, karana isa uga wong wadon kang den ina iku luwih becik tinimbang wong wadon kang ngina. Lan ojo nyacat-nyacat sira kabeh ing awak sira dewe lan aja celuk-celuk sira kabeh kelawan pirang-piran parapan (celukan kang ala), sak alan-alane aran iku faik sakwuse iman. Lan sapa wonge ora gelem tobat, mangka dewekke kalebu ewane wong kang aniaya (zalim).” (QS. Al-Hujurat: 11)
Wondene kanjeng Nabi ﷺ dawuh,
سِبَابُ الْمُسْلِمِ فُسُوقٌ, وَ قِتَالُهُ كُفْرٌ
“Misuhi wong Islam iku kalebu penggawe fasik lan mateni (wong muslim) iku kalebu penggawe kufur.” (HR. Bukhari 6044, Adabul Mufrad 431, Muslim 64)
Jamaah ingkang kula hormati,
Demen kelawan misuh-misuh ugi nyacat niku mboten kalebet pakertinipun tiyang mukmin.
لَيْسَ الْمُؤْمِنُ بِالطَّعَّانِ وَلَا اللَّعَّانِ وَلَا الْفَاحِشِ وَلَا الْبَذِيءِ
“Wong mukmin iku dudu wong kang seneng nyacat, uga dudu wong kang seneng nglaknat, dudu wong kang seneng misuh, uga dudu wong kang seneng ngucap ucapan kang jember.” (HR. At-Tirmidzi)
Setunggil malih, ucapan jember utawi misuh ugi saged nyilakani awak, karana nampi ancaman den lebetaken ing dalem neraka.
kanjeng Nabi ﷺ dawuh,
إِنَّ الْعَبْدَ لَيَتَكَلَّمُ بِالْكَلِمَةِ مَا يَتَبَيَّنُ فِيْهَا يَزِلُّ بِهَا إِلَى النَّارِ أَبْعَدَ مِمَّا بَيْنَ الْمَشْرِقِ وَالْمَغْرِبِ
“Satuhune sawijine kawula bener-bener ngucap sawijine ucapan kang kadang ora den pikir-pikir dhisik, kari-kari (ucapan) iku nyebabake awake den cemplungake ing dalem neraka kang jerone kaya dene adohe antarane wetan lan kulon.” (HR. Al-Bukhari & Muslim)
Jamaah ingkang kula hormati,
Mugi-mugi kita sedaya pinaringan pitulung lan istiqamah saking Gusti Allah ﷻ anggenipun ngelampahi kesaenan lan saged nebihi ucapan ala ugi misuh. Amiin…
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH II
إِنَّ الْحَمْدَ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ فَاتَّقُوْهُ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلٰى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ
اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللَّهِ…. إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ










