KHUTBAH I

اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين 

أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ

قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Jamaah shalat Jumat ingkang kula hormati

Ingkang sepindah monggo kita sami ningkataken takwa dumatheng Gusti Allah Ta’ala, kanthi nindakaken sedaya dawuhipun saha nebihi sedaya awisanipun.

Shalawat ugi salam mugi tansah kunjuk dumateng kanjeng Nabi ﷺ, ugi para keluarganipun, para shahabat ugi sinten kemawon ingkang ndherek ugi dados pendherek ipun hengga dinten kiamat benjang.

Mboten katalumpen monggo tansah ningkataken takwa kita dumateng Gusti Allah Ta’ala kanthi ngathah-ngathahaken tindak kebagusan saha ngathah-ngathahaken ngindari sekabehane tindhak dosa.

Wondene setengah saking tindak dosa ingkang kedah kita tebehi, nun inggih: dosa zina ugi riba.

Jamaah Shalat Jumat Ingkang Kula Hormati,

Kalih jenis dosa kasebat (zina & riba) lamun sampun sumebar ing sawijinipun negari badhe ndamel risakke negari wau ugi tatananipun. Kados pangandikanipun kanjeng Nabi ﷺ:

إذَا ظَهَرَ الزِّنَا وَ الرِّباَ فِي قَرْيَةٍ أَذِنَ اللهُ بِهَلاَكِهَا

 “Lamun wus sumebar laku zina uga riba ing sawijine negri, Mangka sebab iki berarti wes ngizin-ake (halalake) tumurune siksane Gusti Allah ing iku negri.” (HR. Ahmad  I / 393, Abu Dawud 3333, At Tirmidzi 1206, Ibnu Majah 2277, Abu Ya’la 4960)

Baca Juga:  Khutbah Jum'at: Jagalah Lisanmu

Saking hadits punika saged dipun pendhet hikmah bilih kalih dosa sinebat saged nuwuhaken risakke negari saha tatananipun.

Jamaah Shalat Jumat Ingkang Kula Hormati,

Dosa kekalih (zina-riba) kejawi saged ngrisak tatanan, ugi mujudaken dosa ingkang ageng sanget bahayanipun.

Gusti Allah Ta’ala ngendika babagan zina:

وَلاَ تَقْرَبُوا الزِّنَى..!!! إِنَّه كَانَ فَاحِشَةً وَ سَآءَ سَبِيْلاً

 “lan ojo mareki (nyedaki) sira kabeh ing laku zina, karana saktuhune zina iku tumindak kang banget jember.” (QS. Al Israa: 32)

Wondening ngengingi bahayanipun dosa riba, kanjeng Nabi ﷺ paring dawuh:

الرِّباَ سَبْعُونَ بَابًا , أهْوَنُهَا مِثْلُ أنْ يَنْكِحَ الرَّجُلُ أُمَّهُ

“Riba iku (dosane) ana 70-an lawang utawa tingkatan, dosa riba sing paling ashor serupa karo anak kang nyenengi ibune dewe.” (HR. Ibnu Majah 2275, Al Hakim II / 37, Al Baihaqi 5134, Ibnu ‘Ady V / 1913, Abu Na’im I I / 61)

Ing hadits sanesipun kanjeng Nabi ﷺ paring dawuh:

الدِّرْهَمُ  الَّذِي يُصِيْبُهُ الرّجُل مِنَ الرِّبا أشَدُّ مِنْ سِتِّ وَ ثَلاَثِيْنَ زَنيةَ فِي الإسْلامِ.

“Sak dirham kang dihasilake saka riba iku dosane luwih gedhe lamun dibanding karo dosane wong zina kaping 36 ing kahanan muslim-muslimah.” (HR. Ahmad V / 225, ath Thabarany 2703, Daruquthny III / 16, Al Baihaqy 5135, Ibnu ‘Ady IV / 258, Ibnu Abi Dunya 175, dishahihkan oleh Al Albani dalam Ash Shahihah 1033)

Lan tasih kathah malih sejatosipun bahayanipun kalih dosa kang sinebat ing ngajeng.

Jamaah Shalat Jumat Ingkang Kula Hormati,

Pramila monggo kita tebihi zina ngengeti bahayanipun, antawisipun kanthi: Ndonga nyuwun pangreksa Gusti Allah saking dosa sinebat, ngakeh-akehaken ngibadah ing Gusti Allah, nebihi pergaulan bebas, ngindari tontonan ugi ngendikan ingkang jember.

Wondene nebihi riba, antawesipun kanthi: Nyuwun pangreksa Gusti Allah, ngakeh- akehaken ngibadah ing Gusti Allah, urip sederhana utawi prasojo jumbuh kemampuan, mangerteni bahayanipun riba, saha sanes-sanesipun.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Baca Juga:  Khutbah Jumat: Investasi Abadi

KHUTBAH II

إِنَّ الْحَمْدَ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ فَاتَّقُوْهُ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلٰى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ

اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ

رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَ اللَّهِ…. إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ