KHUTBAH I
اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين
أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ
قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Jama’ah shalat Jumat ingkang kula hormati
Ingkang sepindah mangga kita tingkataken takwa dumateng Gusti Allah Ta’ala kanthi nglampahi sedanten dawuh-dawuhipun ugi nebihi sedanten awisan-awisanipun. Amargi saking takwa kita badhe pikantuk rahmat lan kabejan gesang saking Gusti Allah Azza wa Jalla ing dalem gesang dunya ugi akhirat.
Shalawat sarta salam mugi tansah kaaturaken dumateng kanjeng Nabi Muhammad shalallahu ‘alaihi wasalam, keluarganipun, para shahabat, ugi sinten kemawon ingkang nderek sunnah ugi pitedahipun hengga akhir zaman benjang.
Jama’ah shalat Jumat ingkang kula hormati
Wonten khutbah Jumat punika kita aturaken babagan kewajiban becik dumateng tonggo-tepalih. ngengiti sak punika kathah sanget kedadosan tindak ala dumateng tonggo-tepalih, enten tonggo ingkang padha ngina, padha mulasara, kepara enten ugi tetanggi ingkang sami perjaya – pinerjaya. Naudzubillahi mi dzalik.
Jama’ah shalat Jumat ingkang kula hormati
Gusti Allah Ta’ala ing dalem kathah ayat majibaken becik kelawan tonggo – tepalih, antawes ipun:
وَٱعْبُدُوا ٱللَّهَ وَلَا تُشْرِكُوا بِهِ شَيْـًا ۖ وَبِٱلْوَٰلِدَيْنِ إِحْسَٰنًا وَبِذِى ٱلْقُرْبَىٰ وَٱلْيَتَٰمَىٰ وَٱلْمَسَٰكِينِ وَٱلْجَارِ ذِى ٱلْقُرْبَىٰ وَٱلْجَارِ ٱلْجُنُبِ
“Lan utawi padha ngibadaho sira kabeh ing Gusti Allah lan aja gawe sekuton ing Gusti Allah kanthi sawiji-wiji apa bae, lan marang wong tua kaloro padha becikana, lan becikka uga marang sanak – sedulur, bocah – bocah yatim, wong – wong miskin, lan (becikka uga) marang tonggo – teparo kang cerak uga adoh.” (QS. An_Nisaa’: 36)
Ondening Rasulullah shalallahu ‘alaihi wasalam ugi paring ngendiko, kados kariwayataken denig ibunda Aisyah radhiyallahu ‘anha:
مَا زَالَ جِبْرِيْلُ عَلَيْهِ السَّلاَمَ يُوْصِيْنِي بِالْجَارِ حَتَّى ظَنَنْتُ أَنَّهُ سَيُوَرِّثُهُ
“Ora ana jeleh-jelehe Malaikat Jibril ‘alaihissalam dawuh (wasiat) ing ingsun supaya becik marang tonggo – teparo, nganti ingsun duwe panyana tonggo iku bisa marisi bandha.” (HR. Bukhari 78, Kitab Al Adab. Muslim Kitab Al Birru Wash Shilatu wal Adab, hadits 140, Abu Daud bab. Adab no.123, Ahmad II / 85, dishahihkan oleh Al Albani dalam Al Irwa’ 891)
Ing dalem hadits sanes kanjeng Nabi kepara nyebataken bilih becik marang tonggo niku setengah saking tandha – tandhane tiyang iman:
مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللهِ وَالْيَوْمِ اْلآخِرِ فَلْيُحْسِنْ إِلَى جَارِهِ
“Sapa sing (ngaku) iman marang Gusti Allah lan dina Kiyamat mangka becikka marang tonggo – teparone.” (HR. Bukhari 78 kitabul Adab. Muslim Kitab Luqathah hadits no.14. Dishahihkan Al Albani, di dalam kitab Al Irwa 2525. Muslim kitab Al Luqathah, hadits 14)
Jama’ah shalat Jumat ingkang kula hormati
Ayat ugi hadits – hadits ing ngajeng cetha–trawaca menawi kita wajib becik marang tonggo – tepalih, kepara sinajan tonggo niku mboten mbecikki awak kita utawi tindak dzalim ing kita, sak lebetipun tumindhak dzalime tonggo mboten ngrusak awak ugi agami kita.
Dipun riwayataken saking shahabat Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu, piyambakipun ngendika:
جَاءَ رَجُلٌ إِلَى النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَشْكُو جَارَهُ, فَقَالَ : اذْهَبْ فَاصْبِرْ
“Sawijinipun shahabat sowan dumateng Kanjeng Nabi shalallahu ‘alaihi wasalam, nuli wadul babagan laku alane tangginipun. Daya-daya Kanjeng Nabi dawuh: “Balio mulih lan sabaro..!” (HR. Abu Dawud no.448, Dinilai hasan shahih oleh syaikh Al Albani)
Jama’ah shalat Jumat ingkang kula hormati
Ondening seperangan saking contoh laku becik dumateng tonggo – tepaleh, inggih puniko: Nyopo – aruh, sabiyantu rikalanipun tanggi butuh bantuan wujud punapa kemawon, nuweni rikalanipun sakit, ngrumat jenazahipun menawi seda, nderek bungah menawi tanggi angsal kabungahan, nderek prihatin kala tanggi angsal musibah, mbales kesaenanipun kanthi luwih becik utawi ingkang serupa, mboten tindak ala lan aniyaya, saha sanes – sanesipun.
Jama’ah shalat Jumat ingkang kula hormati
Mekaten khutbah punika kula aturaken. Mugi-mugi kula panjenengan sami dipun paringi tambahan taufik dening Gusti Allah sahengga saged tansah laku becik utaminipun dumateng tonggo – tepaleh, sabar ing gangguanipun, saha saged nebihi laku ala ing tonggo. Aaamiin Yaa Rabb.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH II
إِنَّ الْحَمْدَ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ فَاتَّقُوْهُ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلٰى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ
اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللَّهِ…. إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ










